Sabtu, 29 Oktober 2011

drama bahasa jawa


drama bahasa jawaDRAMA WASANAWARSA
“PANDAWA LIMA UJIAN TANDING NASIONAL”
Paraga :
1.       Puntadewa
2.       Werkudara
3.       Arjuna
4.       Nakula
5.       Sadewa
6.       Dewi Kunthi
7.       Resi Durna
8.       Dayang
9.       Narator
Narasi
Kacarita ing kerajaan Astina lagi rame duwe gawe gedhen-gedhenan, yaiku UJIAN TANDING NASIONAL kanthi standart nilai kang dhuwur. Kanjeng Ratu Kunthi single parent kang kebak welas asih marang putra2 ne uga gemi lan nastiti. Dayang Surti kang kemayu lan seneng ngguyu tansah setya ngabekti marang Kanjeng Ratu Kunthi.  Pandawa lima yaiku Puntadewa, pemudha bagus kang pinter, wijaksana, jujur lan sregep sinau.  Werkudara, pemudha kang sakti madraguna tanpa tandhing nanging kemaki lan kemaki. Arjuna, pemudha paling ganteng sakdonya lan sregep pasa. Nakula lan Sadewa, pemudha kembar kang lucu, imut2 lan seneng nyebar dhuwit.
BABAK 1
Sakwijining esuk kang endah nalika godhong2 jambu padha niba, Pandawa lima lagi penak2 leyeh2 karo mikir tips lan jurus paling ampuh kanggo ngadhepi UJIAN TANDING NASIONAL. Kanjeng ibu Kunthi lungguh ing kursi karo nggantekake putra2ne.
PANGGUNG => (Kanjeng Ibu Kunthi lungguh karo dipejeti dayange, Puntadewa lagi maca buku, Werkudara lagi dolanan Gadarujakpalane, Arjuna lagi ngelus2 wetenge, Nakula&Sadewa lagi ngitung dhuwit)
Kunthi                   : “Putra2 ku sing bagus2 kabeh”
Kabeh                   : “Nggih Kanjeng Ibu…”
Kunthi                   : “Putra2ku.. Lhak y wis padha siap ngadhepi ujian mengko tow?”
Kabeh                   : “Sampun kanjeng ibu”
Kunthi                   : “Coba ibu pengen ngerti apa wae kang wis padha mbok siapake. Putraku puntadewa coba apa kang wis mbok siapake?”
Puntadewa         : “Kula ingkang wigatos jujur Kanjeng ibu, boten ngepek, boten nyuwun bedhek, boten bedhekake, sinau tenanan lan donga. Pokoke jujur kanjeng ibu”
Werkudara         : “Prekkk, halah sok suci, zaman saiki kok jujur.  Jujur ki mesti  ajur”
Puntadewa         : “Jaman ki pancen edan nanging awake dhewe ki ya ora etuk melu2 edan”
Kunthi                   : “Wis..wis ra sah padha padu, ndak kw dhewe piye Werkudara?”
Werkudara         : “Iki (Ngetokakae Gada rujakpala)  Gada Rujakpalaku Kanjeng mami…Pusakaku sing paling ampuh…ngko sapa sing ora gelem mbedhekake …Hemmm…Sikat! (Ngethungake Gada Rujakpalane)
 N&S                      : “Kuwi jenengane tindakan kekerasan, melanggar hukum & Hak asasi manuasia”
 Werkudara        : “Ahhh…zaman saiki kaya ngana ki wis biasa…delok wae saben dina neng TV beritane isine mung kekerasan”
Kunthi                   : ” (GEDHEG2) Wis Le Le…, ndak kowe piye putraku Arjuna?”
Arjuna                  : “Jurus ampuh kula saksanesipun Pasopati inggih punika tapa, alias kula kathah pasa kanjeng ibu. Pasa senin kemis, pasa daud, pokoke pasa sunah kanjeng ibu”
Kunthi                   : ”Apik kuwi Putraku..apik”
Dayang                                 : “Leres”
Werkudara         : “Halah gayamu to Arjuna, pasa barang, gaweyanmu ki lhak y mung pacaran wae. Wong sak donya ya ngerti yen Arjuna ki playboy”
Arjuna                  : “Eittts…ora isoh!  Arjuna taun 2011.. playboy  Jo ngasi
Werkudara         : “Prekkkk!!!!”
N&S                       : “Leres leres leres” 
Kunthi                   : “Putraku Nakula & Sadewa ndak kw piye?”
N & S                     : (NGETOKAKE DHUWITE) “Jurus ampuhipuh Nakula kaliyan Sadewa inggih punika nyebar arta alias kathah2 anggenipun sodakoh kanjeng ibu…Allah punika melasi piyantun ingkang remen sodakoh kanjeng ibu”
Kunthi                   : “Wah top markotob kuwi putraku Nakula lan Sadewa. Ibu bakal ngrestoni lan dongake kowe kabeh putra2ku supaya entuk asil kang paling apik miturut ALLAH SWT. Lulus kabeh 100 %”
Kabeh                   : “ Amin”
RESI DURNA TEKA
Resi Durna          : ”Assalamualaikum….”
Kabeh                   : ”Wassalamualaikum…”
Kunthi                   : “Amarga Resi Durna sampun dugi, ibu tak pamit rumiyin nggih…Pareng..”
Dayang                 : ”Pareng….Da da da Kang Mas Werkudara..”
KUNTHI & DAYANG LUNGA
Resi Durna          : “Sugeng enjang”
Kabeh                   : “Sugeng enjang Resi…”
Resi Durna          : “Posisi…..siap!!!!”
Pokoke ujian iki kudu duwe sipat kesatria lan jujur… Delok dhuwur kae! Kamera CCTV ne  wis siap!!!Coba sapa saiki sing meh wani2 tumindak urik?? Pokoke aku pengen SEGALA BENTUK KEPEKAN, CONTO-CONTONAN, BEDHEG-BEDHEGAN, MUSNAH DARI MUKA BUMI….” (DUMADAKAN PANDAWA LIMA TEKA)
Werkudara         : “Wani piro…..???”
R. Durna               : “Dasar murid kurang ajar…Sit Down!!!” (KABEH PADHA LUNGGUH ING PANGGONANE DHEWE2)
R. Durna               : “Are u readyyyyy….?????”
Kabeh                   : “Ready mas brow……”
R. Durna               : “Laksanaken!!!”
Resi Durna ngedumake kertas ujian. Pandawalima miwiti anggone garap ujian. Puntadewa, Arjuna, Nakula & Sadewa katon tenan anggone garap ujian ora kaya Werkudara kang clingak-clinguk golek contonan. Werkudara njaluk bedhek karo Puntadewa, nanging Puntadewa menehi tulisan “PENGEN PINTER? MULAKNA SINAU”. Banjur werkudara njaluk bedheg Arjuna, nanging Ajuna nduduhake pasopatine. Amarga usrug terus Resi Durna nyebul sempritan&menehi kartu kuning.  Sakwise kuwi, werkudara njaluk bdheg marang Nakula & Sadewa, nanging malh diwenehi dhuwit.  Banjur Werkudara ngetokake kepekane. Jebul konangan Resi Durna. Resi durna nyebul sempritan meneh & menehi kartu abang. Wektu anggone garap ujian entek. Pandawalima ngumpulke lembar jawab marang Resi Durna.
Resi Durna          : “Para pamiarsa…Ampun tindhak teng pundhi2 nggih…tengga asil ujianipun para pandawa…Matursuwun….Pareng..”

BABAK 2
Awan kuwi Pantadewa, Nakula lan Sadewa, Arjuna padha bingung ketar-ketir ngenteni pengumuman asil Ujian Tandhing Nasional. Namung Werkudara kang nyante, pecingas pecingis tanpa dosa nyawang sedulur-sedulure kang padha2 bingung.
Werkudara         : “Halah kw ki padha ngapa??? Mbok ya dho nyante kaya aku iki lho … POSITIF THINGKING …LULUS. Nanging ya mboh ya, ndak nyawang  kowe kabeh  kuwi kayake rai2 ora lulus….Hahaha”
Puntadewa         : “Hey.. nek ngomong ki mbok ya sing ati2…ora becik ngomong kaya ngana kuwi karo sedulur dhewe”
Arjuna                  : "Gek-gek  sing kanda dhewe sing ora lulus…Hahaha”
Werkudara         : “Ngomong apa sempeyan…pengen ngrasake godo rujakpalaku apa piye?”
 (ANCANG2 NGETHUNGAKE GADA RUJAKPALANE)
Arjuna                  : “Sampeyan lhak ya durung tahu ngrasake Pasopatiku tow?”
(WERKUDARA & ARJUNA ANCANG2 AREP GELUT)
(DUMADAKAN RESI DURNA TEKA) KABEH PADHA NGGATEKAKE RESI DURNA)
R. Durna               : “Wara-wara…Pengumuman….Dina iki tanggal 12 Mei 2011…Ngumumakake asil UJIAN TANDHING NASIONAL kanthi jujur, adil, langsung, bebas lan rahasia….Ahem..ahem…Puntadewa…panjenengan LULUS”
Puntadewa         : “ Alhamdulillah…” (SUJUD SYUKUR) “Wong jujur ki ora acur nanging mujur…wis kebukti tow..alhamdulillah..”
(Ibu Kunthi & dayang padha kekepan)
R. Durna               : “Nakula lan Sadewa…LULUS”
N & S                     : (Nakula&Sadewa padha kekepan) “Alhamdulillah Ya Rabb…” (SUJUD SYUKUR) ”Pancen wong loma kuwi mulya”
(Ibu Kunthi & dayang padha kekepan)
R, Durna               : “Arjuna….Nyuwun Pangapunten…. BOTEN LULUS”
Arjuna                  : “What??? Apa?? Ora mungkin aku ora lulus. Aku wis sinau tenan, donga, pasa…ora mungkin aku ora lulus..mesti wonten ingkang klentu Resi…?”
R. Durna               : “Ora ana sing kleru anak mas Arjuna…mbok menawa kowe durung bejo. Jarene istilah popular…  wong bejo kuwi  bisa ngalahake wong pinter. Sing legawa…iki sing paling apik miturut ALLAH anak mas..”
Arjuna                  : (NANGIS) “Napa Allah boten adil…Muspro kabeh muspra”
(IBU KUNTHI NYEDHAKI ARJUNA)
Kunthi                   : “Ora ana leh muspra Le..…eling Surah Al Baqarah ayat 216…BISA WAE APA2 SING MBOK SENGIT KUWI APIK KANGGO KOWE, BISA WAE APA2 SING MBOK SENENGI KUWI ELEK KANGGO KOWE, SEJATINE ALLAH KUWI MAHA MANGERTOS LAN KOWE ORA…Keputusane Allah kuwi mesti adil Le…percaya iki wangsulan kang paling apik kanggo kowe miturut  Allah…Iki pacobaning uripmu Le…minangka bukti Welas Asihe ALLAH marang sliramu…ikhlas Le..”
Arjuna                  : “Nggih kanjeng ibu..kula ikhlas..punika ingkang paling sae kagem kula miturut ALLAH…nanging manah kula sakit kanjeng ibu..sakit”
Kunthi                   : ”Sabara… ksatria kudu kuwat putraku..”
Werkudara         : “Wis trima nasib wae…DL …hahaha”
Arjuna                  : “Apa kuwi DL?”
Werkudara         : “Derita lhoh…hahahaha”
R. Durna               : “Ahem..ahem…Wis2….Kang pungkasan Werkudara…ORA LULUS”
Werkudara         : “Apa??? Ora iso!!! Aku ora trima!!! Mesti ana mavia kasus iki! Mosok Werkudara kang sakti madraguna ora lulus!! No no no…”
R. Durna               : “Sek-sek…wangsulana pitakonanku..Apa kowe sinau???”
(WERKUDARA NGGEDHEK)
R. Durna               : “Apa kowe ndoga??” (WERKUDARA NGGEDHEG MENEH)
R. Durna               : “Apa kowe ngepek??” *(WERKUDARA MANTHUK)
R. Durna               : “Ya wis iki ganjaran kang pas kanggo kowe…Eling paribasan Sapa sing nandur bakal ngundhuh..Sapa kang nandur ala bakal ngundhuh ala lan sapa kang nandur kabecikan bakal ngundhuh kabejikan uga…Kowe ki lagi dielingke dening Allah supaya kowe ki gelem malih dadi wong apik nak mas Werkudara…Ya sing ikhlas wae…Legawa”
Kunthi                   : “Sabar Le…iki ya wangsulan ALLAH kang paling apik miturut Allah kanggo kowe”
Arjuna                  : “Wis trima nasib wae,,, DL…hahaha”
Werkudara         : “O…Asem kowe ya…”
N & S                     : “Wis padha2 ora lulus ki rasah ngece!”
Dayang                 : “Sing legawa kang mas sing legawa…aku selalu mendukungmu”
R. Durna               : “Werkudara …Ngene wae saiki kowe tak wenehi tugas ben taun ngarep kowe bisa lulus, kowe siap?”
Werkudara         : ”Siap Resi….Tugas apa Resi?”
R. Durna               : “Kowe nggoleka Banyu Prawitasari ing telinging samudra, sanggup?”
Werkudara         : “Sanggup Resi Durna..kula pamit rumiyin..” ( Werkudara pamitan)
Kunthi                   : “Duh putraku…ati2 ya Le..”
Werkudara         : “Tenang kanjeng mami….goodbye semua..” (WERKUDARA LUNGA)
R. Durna               : “Banjur tugas kanggo kowe Arjuna…Kowe tapa buang dhiri ing Indrakila..Sanggup??”
Arjuna                  : “Sendika dhawuh Resi Durna….” (ARJUNA PAMITAN)
Kunthi                   : (NANGIS) “Sing ati2 ya Le..”
Arjuna                  : “Nggih kanjeng ibu…Assalamualaikum..” (ARJUNA LUNGA)
Kabeh                   : “Wa’alaikumsalam..”
R Durna                : “Nah iki ana bebungah kanggo Puntadewa , Nakula lan Sadewa…” (RESI DURNA MENEHAKE KERTAS MARANG PUNTADEWA, NAKULA LAN SADEWA, BANJUR DIWACA)
Kabeh                   : (BENGOK) “Paket umroh ing tanah suci, Alhamdulillah..”
Kunthi                   : ”Ya wis ayo saiki padha siap2…”
Banjur kanjeng ibu Kunthi, Puntadewa, Nakula lan Sadewa padha siap2 tindhak menyang Tanah suci Mekkah. Sapa sing nandur bakal ngundhuh..Sapa kang nandur ala bakal ngundhuh ala lan sapa kang nandur kabecikan bakal ngundhuh kabejikan uga. Apa wae kang digarisake ALLAH marang awake dhewe, iku mesti pepesten kang paling ALLAH kanggo awake dhewe.

~TAMAT~
  






Tidak ada komentar:

Posting Komentar